Materi kelas 8A-8E
Legendha
Tegese ; crita kang nyritakake domadine papan panggonan
Tuladha, Candi Prambanan, Rawa Pening Mula bukane Tlaga Sarangan, Dumadine Banyumanik, Dumadine Dhukuh Balakan lan liya.liyane.
Unsur intrinsik ing crita bisa kajlentrehake kaya ing ngisor iki. 1. Tema : Underaning crita 2. Alur (plot), tata lumakuning crita
- Tepungan prastawa ing crita
- Prastawa wiwit lumaku
- Konflik ing crita
- Klimaks : puncaking crita
- Karampungan ing crita Resolusi 3. Latar: gegambaran swasana, wektu, utawa panggonan dumadining crita
- Latar Panggonan
- Latar Wektu
- Latar Kahanan 4. Penokohan (paraga)
a.Paraga protagonis: watake becik
b.Paraga antagonis: watake ala 5. Sudut Pandang (posisi pangripta)/pamawas
- Minangka dadi wong kapisan
_Minangka wong kaping telu kang ning njaba crita 6. Amanat (Pesen moral)/pitutur luhur
Ajaran moral didaktis kang bakal disampeke/ dijlentrehake pengarang marang wong kang
maca 7. Gaya Bahasa/ Lelewaning Basa
Basa ana ing crita nduweni kagunan kanggo nyiptakake kahanan ing crita lan uga
ngrumusake dialog kang bisa ngetokake hubungan lan interaksi tokoh siji lan sijine.
AKSARA LEGENA ( TANPA SANDHANGAN ) LAN PASANGANE
Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2, yaiku :
1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane :
Wong tuwa marang bocah enom
Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane
Wong apangkat dhuwur marang pegawene
Bocah cilik karo kancane
Ngunandika (ngomong dhewe)
Tuladha :
Mas, aku ora bisa menehi apa-apa marang kowe, kejaba mung bisa melu ndongakake, muga-muga kowe bisa seneng, lan bisa sinau sing migunani tumrap nusa lan bangsa.
Dak arani sliramu dhek mau bengi sida nonton wayang ana ing omahe Pak Lurah. Gek lakone bae apa ya dhimas, teka gamelané sedalu muput unine baé, ora ana pedhot-pedhote.
2.Ngoko Andhap, yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane :
Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade
Bojone priyayi marang sing lanang
Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket)
Tuladha :
Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba mung bisa ndherek muji rahayu, muga-muga panjenengan isa remen, lan isa ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa lan bangsa.
Dak arani sliramu dhek mau bengi saestu mriksani ringgit ana ing daleme Pak Lurah. Gèk lampahe bae apa ya dhimas, teka gamelane sedalu natas ngungkung bae, ora ana pedhot-pedhote.
Basa Krama, kaperang dadi :
1. Krama lugu : tembunge krama kabeh ora kacampuran krama inggil
Tuladhane :
a. Sampeyan wau kalih sinten, Mas?
b. Piyambakipun nembe wangsul enjing wau.
b. Sampeyan ajeng tumbas napa, Kang?
c. Kula wangsul mangke mawon.
Sing nganggo basa krama lugu, yaiku :
1. wong tuwa marang wong enom sing lagi ketemu
2. sapadha-padha sing wis kulina lan padha drajate.
2. Krama Alus : Tembunge krama alus/inggil
Tuladhane :
a. Ibu nembe gerah, pramila boten saged rawuh.
b. Panjenengan ngasta punapa, Pak?
c. Kala wingi panjenengan badhe tindak pundi, kok ketingal kesesa sanget.
Punapa panjenengan saestu kondur sapunika
Tembang Macapat
Sekar macapat iku kalebu jinising tembang Jawa kang migunakake basa Jawa anyar. Sawenehing winasis ana kang menehi peparab menawa macapat saka tetembungan pamacane
papat-papat. Pancen ana saperangan tembang macapat, anggone nembangake migunakake pedhotan papat-papat.
Macapat iki uga sinebut tembang Jawa asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Macapat iku padha karo lelakoning manungsa saka wiwit bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
1. Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
2. Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
3. Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong
anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4. Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku
ngambah panguripan ing alam ndonya.
5. Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné)
kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur
digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing
pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan/bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma: Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha-padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
9. Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
10. Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné
katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11. Pocung: Yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak
durungé dikubur.
Sing baku, menawa arep nembangake tembang macapat kudu mangerteni bab tembang macapat, yaiku: kawengku ing guru wilangan (cacahing wanda saben sagatra); kawengku ing guru lagu (tibaning swara ing pungkasaning gatra); mapaning pernapasan kedah sami. Luwih cethane, tembang macapat iku tembang kang kaiket dening pathokan:
1. Guru gatra: cacahing larik ing tembang macapat
2. Guru wilangan: cacahing wanda sabeb sagatra ing tembang macapat
3. Guru lagu: tibaning swara ing pungkasaning gatra tembang macapat.
Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung kang pangucape kaping pindho, kabeh tembunge utawa cukup saperangan wandane wae.
Werna-wernane tembung rangkep:
1. Dwi lingga, yaiku tembung-tembung kang diucapake kaping pindho kabeh linggane.
Dwi linnga kaperang dadi 3 (telu) warna, yaiku :
a. Dwi lingga wantah
Tuladha : meja-meja, bocah-bocah, omah-omah, gedhe-gedhe, mlaku-mlaku, lsp
b. Dwi lingga salin swara
Tuladha : bola-bali, wira-wiri, thingak-thinguk, lunggah-lungguh, lsp
c. Dwi lingga semu
Tuladha : orong-orong, untir-untir, andheng-andheng, ondhe-ondhe, undur-undur, lsp
2. Dwi Purwa, yaiku tembung kang dirangkep wandane ngarep.
Tuladha : lelembut, sesambat, pepalang, lelayu, sesulih, lelara lsp
3. Dwi Wasana, yaiku tembung-tembung kang wandane wekasan dirangkep.
Tuladha : celuluk, cekakak, cengenges, bedhudhug, lsp
Kawruh kagunan basa
PARIKAN
Parikan iku unen-unen utawa tetembungan rong gatra kang kedadean saka ada ada lan isi utawa wosing parikan.
Kang kaprah ing bebrayan Jawa, parikan iku ana pirang-pirang werna, ing antarane:
1. Parikan rong gatra kanthi pedhotan 4 – 4, lan 4 – 8
Tuladha : - Pedhotan 4 – 4
a. Ngasah arit nganti landhep ..................... ada-ada/ sampiran
Dadi murid kudu sregep ..........................isi
b. Nyangking ember kiwa tengen
Lungguh jejer tamba kangen
- Pedotan 4 – 8
a. Kembang menur, tinandur ing pinggir sumur
Yen wis makmur, aja lali mring sedulur
b. Rujak nanas, pantes den wadhahi gelas
Tiwas-tiwas, nglabuhi wong ora waras
2. Parikan patang gatra
Tuladha :
a. Wetan kali kulon kali
Tengah kali ana wote ada-ada
Wetan nari kulon nari
Ditimbang padha abote isi
b. esuk nakir sore nakir
sing nggo nakir godhong klapa
esuk mikir sore mikir
sing dipikir ra rumangsa
3. Parikan padinan,
Parikan iki ora nganggo paugeran cacahing pakecapan utawa wanda, nanging tibaning swara kang dipentingake
Tuladha :
a. Purwadadi rak kuthane, sing dadi rak nyatane
b. Semarang kaline banjir, ja sumelang yen ra dipikir
c. Luwak mangan tales, awak yen lagi apes
d. Tembok pating cloneh, jare kapok kok njaluk maneh
e. Timun diiris-iris, ngalamun rauwis-uwis