SERAT WULANGREH
Yasa Dalem: Sri Susuhunan Pakubuwana IV

PUPUH III

G A M B U H

01

Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa kapatuh, katuruh pan dadi awon.

02

Aja nganti kabanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.

03

Tutur bener puniku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.

04

Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.

05

Si kidang ambegipun, angandelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angandelken gung ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.

06

Iku upamanipun, aja ngandelaken sira iku, suteng nata iya sapa kumawani, iku ambeke wong digang, ing wasana dadi asor.

07

Adiguna puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang kabisan dipundheweki, sapa bisa kaya ingsun, togging prana nora enjoh. 

08

Ambek adigung iku, angungasaken ing kasuranipun, para tantang candhala anyenyampahi, tinemenan nora pecus, satemah dadi geguyon.

09

Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh ngati-ati, den kawangwang barang laku, kang waskitha solahing wong.

10

Dene tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula ing patinipun, ngandelaken upase mandos.

11

Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi, bungah akeh wong kang nggunggung, wekasane kajalomprong.

12

Yen wong anom iku, kakehan panggunggung, dadi kumprung, pengung bingung wekasane pan angoling, yen ginunggung muncu-muncu, kaya wudun meh mencothot.

13

Dene kang padha nggunggung, pan sepele iku pamrihipun, mung warege wadhuk kalimising lathi, lan telese gondhangipun, reruba alaning uwong.

14

Amrih pareke iku, yen wus kanggep nuli gawe umuk, pan wong akeh sayektine padha wedi, tan wurung tanpa pisungsung, adol sanggup sakehing wong.

15

Yen wong mangkono iku, nora pantes cedhak lan wong agung, nora wurung anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedheplok.

16

Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil panganggepe wruh pribadi, pangrasane keh kang nggunggung, kang wus weruh amalengos.

17

Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen den titeni, mring pawong sanak sadulur, nora nana kang pitados.

Pandadaran

Sawise maca Serat Wulangreh Pupuh Gambuh ing dhuwur, banjur gawea kelompok. Saklas ana 8 kelompok.

Kelompok I njingglengi pada 2,3

Kelompok II njingglengi pada 4,5

Kelompok III njingglengi pada 6,7

Kelompok IV njingglengi pada 8,9

Kelompok V njingglengi pada 10,11

Kelompok VI njingglengi pada 12,13

Kelompok VII njingglengi pada 14,15

Kelompok VIII njingglengi pada 16,17

 

Sawise klompokmu njingglengi pada/bait sing dadi tugasmu, banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

  1. golekana tegese tembung-tembung angele.
  2. golekana isine pada/bait mau
  3. pitutur luhur apa sing bisa kotemokake ana ing pada/bait mau
  4. miturut panemumu isine tembang mau jumbuh/cocok apa ora karo panguripan ing jaman saiki.