Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula
SERAT WULANGREH
Yasa Dalem: Sri Susuhunan Pakubuwana IV
PUPUH I
DHANDHANGGULA
(01)
Pamedare wasitaning ati,
cumantaka aniru Pujangga,
dahat muda ing batine.
Nanging kedah ginunggung,
datan weruh yen keh ngesemi,
ameksa angrumpaka, basa kang kalantur,
turur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padanging sasmita.
(02)
Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa, rasakang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.
(03)
Jroning Quran nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang unginga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundak katalanjukan,
tedah sasar susur,
yen sira ajun waskita,
sampurnane ing badanira, (*kirang 3 wanda)
sira anggugurua.
(04)
Jroning Quran nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang unginga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundak katalanjukan,
tedah sasar susur,
yen sira ajun waskita,
sampurnane ing badanira, (*kirang 3 wanda)
sira anggugurua.
(05)
Lamun ana wong micara kaki,
tan mupakat ing patang prakara,
aja sira age-age,
anganggep nyatanipun,
saringana dipun baresih,
limbangen lan kang patang :
prakara rumuhun,
dalil qadis lan ijemak,
lan kijase papat iku salah siji,
ana-a kang mupakat.
(06)
Ana uga kang sira antepi,
yen ucul saka patang prakara,
nora enak legetane,
tan wurung tinggal wektu,
panganggepe wus angenggoki,
aja kudu sembah hyang,
wus salat kateng-sun,
banjure mbuwang sarengat,
batal haram nora nganggo den rawati,
bubrah sakehing tata.
(07)
Angel temen ing jaman puniki,
ingkang pantes kena ginuronan,
akeh wong jaya ngelmune,
lan arang ingkang manut,
yen wong ngelmu ingkang netepi,
ing panggawening sarak,
den arani luput,
nanging ta asenengan,
nora kena den wor kakarepaneki,
pancene parijangga.
(08)
Ingkang lumrah ing mangsa puniki,
mapan guru ingkang golek sabat,
tuhu kuwalik karepe,
kang wus lumrah karuhun,
jaman kuna mapan si murid,
ingkang pada ngupaya,
kudu angguguru,
ing mengko iki ta nora,
Kyai Guru narutuk ngupaya murid,
dadiya kanthinira.
Sawise maca Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula, banjur gawea kelompok. Saklas dadi 4 kelompok.Kelompok 1 njingglengi pada 1,2. Kelompok 2 njingglengi pada 3,4. Kelompok 3 njingglengi pada 5,6. Kelompok 4 njingglengi pada 7,8. Sawise njingglengi pada mau banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki:
- golekana tegese tembung-tembung sing koanggep angel
- golekana isine pada-pada mau
- pitutur luhur apa kang bisa kosinau saka pada-pada sing kogarap
- isine tembang mau apa isa jumbuh (cocok) karo panguripan ing jaman saiki