Lampiran Materi teks cerita Ramayana (Resi Jatayu)
Tugas kelas 8I jam ke 3 dan 4
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki ning kertas banjur dikumpulake!
Wacanen kanthi permati wacan ing ngisor iki!
Lelabuhane Jatayu
Ana sawajining ratune manuk aran Resi Jatayu. Dheweke minangka mitrane raja Dasarata. Ing sawijining dina dheweke kaged weruh kumlebate kreta kencana ing awang-awang banjur ditututi.
“Heh sapa sing wani ngalang-alangi lakuku, bakal daktrajang!” Ngono panguwuhe raja kang ana ing njero kreta kencana.
“Mengko dhisik mandhega! Wanita ing njero kreta iku putrane mitraku. Dakjaluk, wenehna!” Ngono panjaluke Jatayu. Raja kang ana ing jero kreta ora liya Rahwana muntab kanepsone. Dewi Sinta digegegi, ora diwenehake, dadi perang tandhing. Saya suwe Jatayu kalindhih. Rahwana kasil natoni suwiwine nganti sengkleh tugel, kumleyang ing angkasa tumiba ing bantala.
Kretane Rahwana saya banter lakune nggawa Sinta. Sinta klaran, awakelungkrah, ora karu-karuan sawise diceneng-ceneng kanggo rebutan. Dheweke kepengin uwal, nanging tetep kasikep dening Rawana. Bisanemung nangis melas asih, ngrerintih sedhih. Kembang cundhuk, gelang lan kalunge padha tiba pating kececer ing lemah. Sapa wae kang weruh kahanan lan polahe, apa maneh krungu tangis lan sambate mesthitrenyuh sedhih. Kaya-kaya kewan-kewanalas, wit-witan, thethukulan, sesuketanwae melu welas sedhih. Gunung-gunung meneng mbisu susah atine. Angin mandheg,angkasa nggameng petengkasaput mega lan mendhung. Srengenge surem, soroting kucem. Kabeh isining jagad melu nandhang. Mung wae wong siji sing ora duwe rasa welas, yaiku Rawana.
“Sinta,coba sawangen ! Kraton Ngalengka kang endah edi peni. Barang-barang pengaji emas, inten, barleyan iki kabeh bakal dadi duwekmu,” ngono pangucape Rahwana mamerake raja brana marang Sinta. Nanging Sinta ora gumun, ora ngrewes lan ora kepencut. Bola-bali Rahwanan nyobangarih-arih sarta nglelipur Sinta supaya gelem kagarwa. Nanging Sita ora kengguh lan kandha, “Ngertenana Rahwana, ora ana priya sing banget dak tresnani kejaba mung Prabu Rama, apa maneh kok mung Rahwana Raja nistha mung wani nyidra wanita.” Krungu ucape Sinta kang kaya mangkono Rahwana muntab nesune. Yen Sinta ora gelem teluk bakal disirnakake. Sita tetep teguh sentosa ing budi. Rawana saya kogel, banjur mrentahake supaya Sinta dijaga dening raseksi-raseksi sing galak-galak lan ndrawasi.
Ing tengah alas, Rama anggone ngoyak kidang ora entuk gawe. Rama lan Lesmana balinglenthung. Tekan panggonane, Sinta wis ora ana, digoleki, dicelak-celuk, dibengoki ora nyauri. Rama nemu kembang cundhuk lan saperanganing agemane Sinta pating kececer,minangka bukti yen Sinta dicolong. Rama duka. Jagat saisinine arepdijungkir walik. Angkasa arep dikebaki panah. Angin arep disigeg. Srengenge arepdicandhet, sorotearep kasirep. Tanduran, tethukulan lan wit-witan arep dibedholi, dirubuhake.Yen nganti Sinta ora dibalekake, para dewa ing kayangan arep disampurnakake. Tujune, Lesmana bisa nglelipur, bisa gawelilih. Rama lan Lesmana banjur nerusake laku, nglacak nggoleki Sinta. Tekan ing panggonane Jatayu. Jatayu menggeh-menggeh meh koncatan nyawa. Sanadyan ngono isih bisa nyritakake lelakone, lan atur sasmita arah playune Rahwana.
“Sinta kabekta dhateng Nagari Aleng .......” Durungnganti rampung anggone ngucap wandaning tembung, Jatayu angemasi. Sarehne wis ora katulungan maneh, raganedibesmi dening Rama lan Lesmana. Keluking latu kemelun nggayuh gegana nuduhake penering Nagara Alengka. Keprungu suwara gaib sing menehi pituduh caranebisa nemokake Sinta.
Rama lan Lesmana banjur budhal gegancangan, ing sajroning ati ora entek-entek anggenepadha ngalem marang lelabuhaning Jatayu. Ing tengah dalan ana sing atur pamrayoga supaya Rama lan Lesmana minta srayamarang rajaning wanara.
Ayo, negesi tembung
Rembugen karo kanca sebangkumu! Banjur, golekana tegese kang wis cumawis!
Tuladha :
- Mitrane : kancane; bature
- Muntab :
- perang tandhing :
- digegegi :
- kalindhih :
- bantala :
- lungkrah :
- trenyuh :
- kasaput :
- kepencut :
- ngarih-arih :
- nistha :
- nglenthung :
- disigeg :
- dicandhet :
- lilih :
- sasmita :
- angemasi :
- dibesmi :
- kumelun :
- minta sraya :
- wanara :
- kethek, wre, rewanda, kapi, palwaga
- kelun-kelun; kumendheng; kumebul alon
- njaluk tulung; nyuwun tulung
- diobong
- kemba, kendho, aber, leren, mari
- tandha, tandha gaib, tandha saka Pangeran
- mati, ninggal, pejah
- diendheg, dilereni
- dialang-alangi, diendheg
- metu akeh, mumbul, munggah
- cabar, gagal, tanpa kasil
- mbujuk; nglipur; ngayem-ayemi
- asor, ala, elek
- banget kepengine, kasengsem
- kaling-kalingan, ketutupan
- krasa ora kepenak, krasa lara kabeh
- kalah, kadhesek
- didhaku, digondheli, dicekeli kenceng ora diculake
- ijien padha ijen, siji mungsung siji
- mesakake, memelas
- kemeluk; kemutug, kumendheng; kumebul alon
Wangsulana pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama!
- Sapa Jatayu iku?
......................................................................................................................
- Kapriye kahanane Jatayu sawise kalah perang karo Rahwana? ......................................................................................................................
- Sawise tekan Ngalengka, Sita dipameri apa dening Rahwana? .......................................................................................................................
- Ngapa Dasamuka muntab nepsune marang Sinta? .......................................................................................................................
- Sajrone penggalih Rama tansah ngalembana lelabuhane Jatayu. Apa lelabuhane? ......................................................................................................................
Tuladha:
- Resi Jatayu mitrane Prabu Dasarata raja ing Ayodya.
- _________________________________________
- _________________________________________
- _________________________________________
- _________________________________________
Crita ”Lelabuhane Jatayu” ing dhuwur critakna maneh nganggo basamu dhewe adhedhasar pokok-pokok pikiran kang wis ko-tulis!
Jingglengana wacan crita Jatayu iki! Banjur wangsulana!
- Sapa wae paraga (tokoh) ing crita kasebut?
- Kepriye kahanane Jatayu!
- Apa kang ditindakake Rama marang Jatayu?
- Piwulang becik apa kang bisa kajupuk saka crita Jatayu?
- Jatayu iku apik apa ora? Terangna alesanmu!